Sanggar bharada Jawa Unesa sing dipandhegani Bpk Yohan Susilo, S.pd, maragakake” fragmen” kethoprak kanthi irah-irahan “Sri Huning Mustika Tuban” kang nggambarake dredah ing kadipaten Tuban, kanthi apik dhek malem Minggu 12 Juli 2008, ing Campursari TVRI Jawa Timur.
Minangka mahasiswa Jurusan Basa Jawa, awake dhewe patut bombong amerga duweni wadhah apresiasi seni, “Sanggar Bharada” kang jenenge wus kasuwur ana ing jagad kesenian Jawa. Kanthi wadhah iki mahasiswa bisa gladhen maneka warna seni jawa kaya dene Kethoprak, ludrug, lan campursari kaya kang diparagakake ing TVRI Jawa Timur sasi Juli kapungkur.
Mahasiswa kang kadhapuk dadi paraga ”fragmen” kethoprak yaiku Joko Santoso(2003), Nadif(2006), Ginanjar(2007), Daraka(2007), lan Rina(2005), maragakake lakon “Sri Huning Mustika Tuban” kanthi apik, semono uga para wiyaga bisa gawe para pamirsa sing lagi nonton acara campursari iku kasengsem atine.
Miturut panuturane mas Joko Santoso, salah sawijining paraga fragmen kethoprak, mahasiswa kang kapilih wus mempeng kanggo nyedyakake fragmen iku, ditambahi maneh sengkuyungan saka para dosen lan gemblengan saka Bapak Yohan minangka pambina Sanggar Bharada dadi wus ora disumelangake maneh yen asile bisa diathungi jempol.
Iku kabeh dadi panyemangat awake dhewe kanggo nerusake lan nyengkuyung pambudidayane kanca-kanca ngleluri budaya Jawa. SEMANGAT REK!!!!^_^./red.

0 komentar:
Posting Komentar