welcome

kategori

Translator

Etiam placerat

Jinising lanWujuding Rimbag Sambawa


  Dening : Andi Kosim

 
Wis akeh banget kang ngrembug babagan Titi Tembung ing buku-buku Paramasastra Jawa, kaya dene reriptaning Padmosoekotjo, Antonsuhono, Hadiwidjana, Purwadarminta, Sasangka, lan liya-liyane. Tulisan iki mung sawetara ngumpulake gagasaning para panaliti iku. Bab kang bakal diandharake yaiku jinising rimbag sambawa. 
Kang aran rimbag sambawa yaiku tembung kang kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/ saliyane tembung pakon. Ana telung teges sajroning rimbag sambawa, yaiku upama, sanajan, lan pangarep-arep. Dene jinising rimbag sambawa, yaiku:

1. SAMBAWA NA
Rimbag sambawa na dumadi saka tembung lingga kang kawuwuhan panambang /–a/.
Tuladhane: tukua, lungaa, udana, teranga, panasa, rampunga, lsp.


2. SAMBAWANING TANDHUK
Rimbag sambawaning tanduk yaiku rimbag sambawa kang dumadi saka tembung tanduk (tembung kang kawuwuhan ater-ater /en–/, /em–/, /eny–/, lan /eng–/) kang kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Dene rimbag sambawa tanduk uga kaperang maneh dadi telung warna, yaiku:
a. Sambawaning tanduk kriyawantah (tanduk+/–a/)
Tuladhane: ngaliha, mangana, njupuka, nangisa, lsp.
b. Sambawaning tanduk kekriya (tanduk+/–na/)
Tuladhane: njalukna, njupukna, mbukakna, nutupna, lsp.
c. Sambawaning tanduk ikriya (tanduk+/–ana/)
Tuladhane: nyuwekana, nyilihana, njupukana, nulisana, lsp.

3. SAMBAWANING TANGGAP
Kejaba tembung tanduk, tembung tanggap uga bisa digawe rimbag sambawa. Dene jinisng tembung tanggap kang bisa digawe rimbag sambawa siji-sijine bakal diandharake kaya ngisor iki.
a. Sambawaning tanggap “ka”
Rimbag sambawaning tanggap “ka” wujude yaiku tembung kang kawuwuhan ater-ater /ka–/ banjur kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Kang awujud /ka–/+lingga+/–a/ diarani rimbag sambawaning tanggap “ka” kriyawantah. Dene kang awujud /ka–/+lingga+/–na/ diarani rimbag sambawaning tanggap “ka” kekriya. Banjur kang awujud /ka–/+lingga+/–ana/ diarani rimbag sambawaning tanggap “ka” ikriya.
Tuladhane: kajupuka, kajaluka, katulisa, kajupukna, kajalukna, katulisna, kajupukana, kajalukana, katulisana, lsp.
b. Sambawaning tanggap “na”
Rimbag sambawaning tanggap “na” wujude yaiku tembung kang kawuwuhan seselan /–in–/ banjur kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Kang awujud /–in–/+lingga+/–a/ diarani rimbag sambawaning tanggap “na” kriyawantah. Dene kang awujud /–in–/+lingga+/–na/ diarani rimbag sambawaning tanggap “na” kekriya. Banjur kang awujud /–in–/+lingga+/–ana/ diarani rimbag sambawaning tanggap “na” ikriya.
Tuladhane: tinulisa, ginambara, jinupuka, ginambarna, sinabetna, tinulisna, ginambarana, tinulisana, sinabetana, jinupukana, lsp.
c. Sambawaning tanggap utama purusa
Tembung kang arimbag sambawaning tanggap utama purusa yaiku tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater /dak–/ (/tak–/) banjur kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Kang awujud /dak–/+lingga+/–a/, diarani rimbag sambawaning tanggap utama purusa kriyawantah. Dene kang awujud /dak–/+lingga+/–na/ diarani sambawaning tanggap utama purusa kekriya. Banjur kang awujud /dak–/+lingga+/–ana/ diarani sambawaning tanggap utama purusa ikriya.
Tuladhane: dakpangana, dakombea, tumpukna, daksumetana, lsp.
d. Sambawaning tanggap madyama purusa
Tembung kang arimbag sambawaning tanggap madyama purusa yaiku tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater /ko–/ (/mbok–/) banjur kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Kang awujud /mbok–/+lingga+/–a/ diarani rimbag sambawaning tanggap madyama purusa kriyawantah. Dene kang awujud /mbok–/+lingga+/–na/ diarani sambawaning tanggap madyama purusa kekriya. Banjur kang awujud /mbok–/+lingga+/–ana/ diarani sambawaning tanggap madyama purusa ikriya.
Tuladhane: mboktonyoa, mbokkamplenga, mbokjiwitna, mbokjiwitana, lsp.
e. Sambawaning tanggap pratama purusa kriyawantah
Tembung kang arimbag sambawaning tanggap pratama purusa yaiku tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater /di–/ banjur kawuwuhan panambang /–a/, /–na/, lan /–ana/. Kang awujud /di–/+lingga+/–a/, diarani rimbag sambawaning tanggap pratama purusa kriyawantah. Dene kang awujud /di–/+lingga+/–na/ diarani sambawaning tanggap pratama purusa kekriya. Banjur kang awujud /di–/+lingga+/–ana/ diarani sambawaning tanggap pratama purusa ikriya.
Tuladhane: ditulisa, dicolonga, ditukokna, ditangisana, lsp.

4. SAMBAWANING”HA”
Rimbag sambawaning bawa “ha” wujude yaiku /a–/+lingga+/–a/, lan /ma–/+lingga+/–a/.
Tuladhane: aklambia, aclanaa, magurua, lsp.


5. SAMBAWANING BAWA”MA”
Rimbag sambawaning bawa “ma” wujude yaiku tembung lingga kang kawuwuhan seselan –um- lan kawuwuhan panambang /–a/.
Tuladhane: kumenthusa, kumambanga, lumebura, lsp.


6. SAMBAWANING BAWA KUMA
Rimbag sambawaning bawa kuma wujude yaiku bawa kuma+/–a/.
Tuladhane: kumawania, kumakendela, kumajia, lsp.

7. SAMBAWANING BAWA KAMI
Rimbag sambawaning bawa kami wujude yaiku bawa kami+/–a/.
Tuladhane: kamipuruna, kamituwaa, kamikendela, lsp.

8. SAMBAWANING BAWA KAPI
Rimbag sambawaning bawa kapi wujude yaiku bawa kapi+/–a/.
Tuladhane: kapilarea, kapiarsaa, lsp.

9. SAMBAWANING TEMBUNG RANGKEP
Kang pungkasan yaiku jinising rimbag sambawa kang kawujud ing tembung rangkep. Ana rong jinis rimbag sambawa kang awujud tembung rangkep, yaiku rimbag sambawa kang awujud dwilingga lan rimbag sambawa kang awujud dwipurwa.

a. DWILINGGA
- Sambawaning dwilingga
Tembung lingga kang dirangkep utawa ambal pindho ing linggane banjur kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwilingga.
Tuladhane: gedhe-gedhea, dhuwur-dhuwura, enom-enoma, lsp.
- Sambawaning dwilingganing tanggap “na”
Tembung kang dirangkep utawa ambal pindho lan ing tembung kang ngarep kawuwuhan seselan /–in–/ banjur kawuwuhan panambang /–a/ ing tembung kang pungkasan diarani rimbag sambawaning tanggap “na”.
Tuladhane: ginayuh-gayuha, tinulis-tulisa, ginambar-gambara, lsp.
- Sambawaning dwilingganing tanggap-tarung
Tembung kang dirangkep utawa ambal pindho lan ing tembung kang pungkasan kawuwuhan seselan /–in–/ banjur kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwilingganin tanggap-tarung.
Tuladhane: gayuh-ginayuha, tulis-tinulisa, gambar-ginambara, lsp.
- Sambawaning dwilingganing bawa “ma”
Tembung kang dirangkep utawa ambal pindho lan ing tembung kang ngarep kawuwuhan seselan –um– banjur ing tembung kang pungkasan kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwilingga bawa “ma”.
Tuladhane: tumurun-turuna, gumedhe-gedhea, gumantheng-ganthenga, lsp.
- Sambawaning dwilingganing bawa “ma” tundha
Tembung kang dirangkep utawa ambal pindho banjur ing tembung kang pungkasan kawuwuhan seselan /–um–/ lan kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwilingganing bawa “ma” tundha.
Tuladhane: gedhe-gumedhea, gantheng-gumanthenga, turun-tumuruna, lsp.

b. DWIPURWA
- Sambawaning dwipurwa
Tembung kang dirangkep ing wanda kang wiwitan banjur kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwipurwa.
Tuladhane: tetukua, tetelua, lelirua, lsp.
- Sambawaning dwipurwaning tanggap “na”Tembung kang dirangkep ing wanda kang wiwitan banjur kawuwuhan seselan /–in–/ lan kawuwuhan panambang /–a/ diarani rimbag sambawaning dwipurwaning tanggap “na”.
Tuladhane: ginagayuha, ginagandaa, kinakudanga, lsp.
Kaya mangkono andharan babagan wujud lan jinising rimbag sambawa. Mbok menawaa ana kurange, disuwun urun rembuge saka para maos. Muga-muga tulisan iki migunani kanggo pasinaon bab Titi Tembung.



0 komentar: