Dening: Jadmiko
Bengi iki omahe Pak Karim reja banget. Kira-kira ana rong puluh wong kang lagi kumpul. Para warga lagi ngrembug perkara coblosan Pilkades. Pak Karim minangka Kepala Dusun kejibahan ngatur mlakune Pilkades ing Dusun Mekarsari. Mula dheweke ngajak warga sekitare kanggo ngurusi pencoblosan Pilkades kang dianakake suk emben.
Bubar Isyak wis ana pat belas wong kang wis tekan omahe Pak Karim. Saiful, Najib, Hafidz, lan Eko lungguh jejer ing sih kiwane Pak Karim, para bocah-bocah iku mau kalebu golongan enom kang diutus teka Pak Karim. Sesepuh-sesepuh ing kono uga teka, antarane Pak Rizal, Pak Jamal, Pak Jarwo, lan Pak Abdul.
Nganti tekan jam wolu, isih ana warga kang durung teka. Ning, kabeh ora dadi ngapa, sebab ing kono ana sesuguhan kacang, gedhang goreng, tela goreng, lan kopi. Wong-wong uga crita-crita ngenani penggaweyan. Nanging, Pak Jarwo ketara mbingungi, dheweke terus nyawang jam ing tembok omahe Pak Karim. Sinambi nunggu warga kang durung teka, Pak Karim miwiti mbukak rembugan.
“Sambi ngrantos warga ingkang dereng rawuh, mangga sesarengan kita bikak pertemuan niki kanthi maos donga, supados pertemuan niki saged mlampah kanthi lancar lan boten ….”
“Sepurane ya, Pak Karim, aku iki wis tekan kene ket mau jam pitu, ning isih nunggu liyane, kamangka aku mengko jam sepuluh arep budhal njaga Rumah Sakit. Ora usah kanthi donga,” dumadakan Pak Jarwo medhot ngendikane Pak Karim.
“Nuwun sewu lho Pak, sing bener, yen arep miwiti sembarange kuwi ya nganggo donga dhisik….”
Pak Jarwo ngendika kanthi nesu, “Halah, wong mung rembugan ngene wae kok nganggo donga. Kowe-kowe kabeh ngertenana ya. Ora ana gunane kowe kabeh ngurusi Pilkades, sing bakal dadi Kades kene, ora bakal gawe desa iki maju.”
Pancen kena dingerteni yen Pak Jarwo ora seneng anane Pilkades. Sebab saka telung wong kang magang Kades, mung Pak Narto kang grapyak tur loma marang warga. Lha yen kandhidhat sijine yaiku Pak Sutar, dheweke dikenal kurang apik karo tangga teparone. Sing sijine maneh, yaiku Pak Budi, ora liya ya Kades saiki sing magang maneh. Kepala desa ing desa Tunggulsari kene pancen isih njabat sa-periode, dadi periode ngarep dheweke isih bisa magang kepala desa. Para warga kang ngurus samubarang ing desa, mesthi ditarik dhuwit kang ora sethithik. Kanggo ngurus KTP wae ditarik dhuwit seket ewu. Mula Pak Budi kurang disenengi warga. Dheweke uga kurang mbangun desa.
“Pak Jarwo, panjenengan pun ngantos duka, kita para warga niki namung ngrembug perkawis pencoblosan benjing emben, boten ndhukung calon Kades,” kandhane Saiful.
“Kowe iki bocah enom ngerti apa ta, Le? Umurmu wae isih separone umurku. Wis saiki ngene wae, aku pamit mulih, aku ora gelem ngurusi Pilkades!” Sawise ngendikan mangkono Pak Jarwo banjur pamitan marang Pak Karim.
Kedadeyan kuwi mau gawe kagete para warga sing lagi kumpul. Sebabe ora kaya biasane Pak Jarwo kaya ngono kuwi, malah nesu-nesu ing ngarepe wong akeh. Sawise Pak Jarwo mulih, Pak Karim miwiti rembugan. Pancen sih kurang telung wong maneh, nanging karo Pak Karim wis dianggep nyukupi kanggo mbentuk panitia coblosan Pilkades.
Sawise padha rembugan lan pilih pinilih, wis ditemtokake sapa wae kang kejibahan dadi panitia. Sadurunge nutup pertemuan, Pak Karim ngendika.
“Jib, sesuk kowe nggawea kothak suwara ya, Engko dhuwite takwenehi. Ngajaka si Hafidz.”
“Nggih, Pak,” saurane Najib.
“Lha sing kebagian ngedum Kartu Pemilih kowe wae ya, Ful. Kabeh warga Dusun Mekarsari wenehana. Iki kartune takwenehake kowe.”
Si Saiful mangsuli, “Nggih, nanging siyang mawon nggih, Pak. Amargi enjing kula taksih wonten parigawe.”
“Ya wis, ora apa-apa. Engko awane aku takngajak Eko menyang Dusun Sumbersari nemoni Pak Suaib kamituwa dusun kono. Perkara Surat Suwara saiki wis takgawa lan taksimpen.”
Rembugan bengi iki wis rampung. Pak Karim mungkasi pertemuan. Lan para warga wis padha bali. Saiful lan Najib mulih bebarengan sebab omahe ora adoh. Ing dalan, Saiful kaget. Dheweke weruh saka kadohan, Pak Jarwo lagi lungguh ing cangkruk. Kamangka iki wis jam setengah sewelas, jerene mau Pak Jarwo arep budhal njaga neng Rumah Sakit. Saiful lan Najib njur nyedheki Pak Jarwo.
“Pak, njenengan ten napa kok dalu-dalu lenggahan wonten mriki?” pitakone Saiful.
“Eh, jebul kowe ta Ful. Aku lagi golek angin.”
“Lho panjenengan boten tamtu wonten ing Rumah Sakit?” Najib sajak takon.
“Aku mau mung alasan wae, Le. Supaya aku bisa mulih lan ora melu rembugan Pilkades. Aku ki sejatine ya seneng wae dianakake Pilkades, malah aku ki pendhukunge Pak Narto. Kowe rak ya ngerti dhewe, Pak Narto kuwi wonge apik lan jujur.”
Najib ngimbuhi, “Kula sejatosipun nggih remen Pak Narto lho.”
“Hus, kowe ora entuk ngomong ngono, pilihan iki kudu rahasia, Jib,” Saiful ngelingake Najib.
Pak Jarwo takon kanthi mesem, “Wis ta Ful, ana benere Najib blaka kaya ngono. Sejatine kowe uga milih Pak Narto ta?”
“Sejatosipun … nggih, Pak,” Saiful mangsuli.
“Kowe seneng ta yen Pak Narto sing menang? Iya apa ora? Saiki rungokna aku, Ful ….”
Pak Jarwo ngajak Saiful lan Najib rembugan ing cangkruk. Dheweke ngongkon supaya mengko sabubare pencoblosan, Saiful kang ngitung asile suwara lan Najib kang nulis ing papan. Mengko yen ana Surat Suwara kajaba Pak Narto, supaya ditulis Pak Narto. Kareben ing Dusun Mekarsari sing menang Pak Narto. Nanging Najib nuli takon.
“Kula kaliyan Saiful boten purun, Pak. Niku naminipun boten jujur.”
Saiful nambahi, “Nggih, Pak. Kula boten purun.”
“Sik ta pikiren dhisik, yen mengko sing menang Pak Sutar utawa Pak Budi. Apa kowe lila? Kowe pingin desamu rusak?” Pak Jarwo ngendikan kanthi seru.
“Oh iya-ya, mengko yen sing menang dudu Pak Narto, desa iki dadine piye? Nggih pun, Pak, kula sarujuk. Benjing emben, kula kaliyan Saiful ingkang ngitung kaliyan nyerat.”
“Sik ta, Jib. Karepmu ki piye?” Saiful isih bingung.
“Wis ta, kowe manuta aku. Bener ngendikane Pak Jarwo,” celathune Najib supaya Saiful percaya.
Najib lan Saiful sarujuk karo panjaluke Pak Jarwo. Sesuke awan Saiful mara neng omahe Pak Karim kanggo nemoni Najib kang lagi nggawe kothak suwara. Ing kono uga ana si Hafidz. Saiful enggal-enggal wae takon.
“Jib, coba ta pikiren maneh! Mosok kowe gelem curang kanggo menangke Pak Narto?”
“Heh, Ful, apa kokpikir aku iki wong goblok? Coba ta pikiren dhewe, Pak Narto kuwi pendhukunge akeh. Wis bisa dipesthekake bakal menang ing Pilkades iki. Lha yen Pak Jarwo isih bingung, kuwi pratandha Pak Jarwo arep gawe ricuh Pilkades iki,” Najib nyoba njelaskake marang Saiful.
“Aku kok durung ngerti maksudmu?”
“Kowe kok mendho, mau bengi awake dhewe diapusi karo Pak Jarwo. Dheweke kepingin Pak Narto menang kanthi curang. Lha yen konangan warga, bisa-bisa warga nggething Pak Narto. Coba pikiren? Mengko bisa-bisa ana Pilkades ulang. Lan para pendhudhuk ora bakal milih Pak Narto,” Najib ngomong.
“Dadi tegese piye kuwi?”
“Kuwi ateges Pak Jarwo kuwi tim suksese calon Kades saliyane Pak Narto. Embuh kuwi Pak Sutar utawa Pak Budi aku ya ora weruh,” Hafidz sing mau meneng saiki uga melu nimbrung.
“Wah gawat yen ngono, awake dhewe kudu kandha nyang Pak Karim.”
“Aku mau wis kandha, mengko sore aku lan Pak Karim arep nyang omahe Pak Jarwo,” kandhane Najib.
Sorene Najib, Saiful, lan Pak Karim mara nyang omahe Pak Jarwo guna njlentrehake perkara mau bengi. Pak Narto kuwi pendhukunge wis akeh banget. Ora perlu nganggo cara kang ala guna menangake Pak Narto. Sawise tekan ngarep omahe Pak Jarwo, Pak Karim kaget. Ana mobil ijo kang lagi parkir ing ngarep omahe. Mobil kuwi ora liya ya mobile Pak Sutar.
Pak Jarwo kang lagi jejadhuman karo Pak Sutar ing jero omah kaget banget nalika nyawang ing jaba. Dheweke bingung, amarga Pak Karim mara ngajak Saiful lan Najib. Dheweke uga tambah bingung sebab Pak Sutar uga ana ing kono. Nalika Pak Karim ngocap salam kulanuwun, Pak Jarwo saya walang ati. Praupane abang, lambene glagap-glagap mangsuli salame Pak Karim.
“Eh, Pak Karim. Mangga Pak!”
“Wonten Pak Karim, nyuwun ngapunten nggih Pak Jarwo, Pak Karim, kula badhe pamit rumiyin. Pun sonten, taksih muter-muter malih,” dumadakan Pak Sutar pamit mulih, kaya-kaya ngerti bakal ana kedadeyan ing omahe Pak Jarwo.
“Lho, kok enggal-enggal kondur, wong kula nembe dugi,” ngendikane Pak Karim.
Pak Sutar mangsuli sambi metu, “Kula kesesa, Pak! Pun, Assalamualaikum.”
Pak Jarwo bingung, kudu ngomong apa nyang Pak Karim. Apa maneh ing kono Saiful lan Najib sajak mesam-mesem, san saya gawe bingunge. Pak Karim miwiti omongan.
“Pak, aku lan bocah-bocah mrene iki pengin nyethakake perkara Pilkades.”
“Pak Karim, aku rak ya wis kandha, aku ora gelem ngurusi urusan pencoblosan Pilkades,” Pak Jarwo kandha kanthi rada nesu.Najib takon marang Pak Jarwo,
“Pun ta, Pak, blaka suta kemawon. Kula mangertosi gegayuhanipun Pak Jarwo. Napa rawuhipun Pak Sutar niki wau boten ndadosaken bukti?”
“Wis Pak Jarwo, tulung sampeyan ngregani aku minangka kamituwa. Aku dicritani Najib, sampeyan ngongkon ngono kuwi, supaya Pak Narto menang kanthi ora bener, njur mengko calon Kades liyane bakal nglapor nyang Kecamatan kareben ana Pilkades ulang. Saiki blaka wae?”
Pak Jarwo meneng sawetara, dheweke ndhingkluk njur cinatur, “Sepurane kabeh, pancen aku pengin gawe menange Pak Sutar. Kanthi solah bawane Pak Sutar sabendinane, dheweke ora bakal menang ing Pilkades desa kene. Kuwi sebabe, aku dikongkon supaya gawe rusake jeneng Pak Narto. Nanging kuwi kabeh panjaluke Pak Sutar, aku gelem ngayahi jejibahan iki merga aku nduwe utang karo Pak Sutar.”
“Pak, yen perkara pribadi aku ora bakal melu-melu, nanging yen perkara Pilkades, aku uga melu tanggungjawab.”
“Sepurane sing akeh, kabeh kuwi kanggo nyukupi pangan kaluwargaku,” Pak Jarwo kandha, ning ora kena ditutupi praupane ketara getun lan isin.
“Wis, Pak, aja dipikir maneh. Sing uwis ya uwis. Saiki ayo bareng-bareng nyuksesake Pilkades desa Tunggulsari.”
Saka katrangane Pak Jarwo, jebul isih akeh wong-wong kang dikongkon Pak Sutar. Ing Dusun Sumbersari ana Pak Rusdi lan Ramelan kang dikongkon. Pak Sutar uga ngongkon Pak Marli, Slamet, lan Jiono kanggo ngurusi Dusun Kalisari. Sesuke Pak Karim budhal nyang Kecamatan bareng Pak Budi si Kades lawas. Kabeh dicritakake nyang Pak Camat, banjur Pilkades diundur seminggu.
PILKADES
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar